"BEBOTOH JAWA"




"Katunggaran JAGO Adon mitutur Rupa Ulese"

  1. Wiring Galih, Cengger telon klapa jambu jebug, Mata kuning, Sikil ireng, Jalu balungan, Buntut ketel, Sisik melik. Iku jago Becik, kerep menang, kang ngingu kerep Begja.

  2. Wiring Kuning, Cengger telon klapa jambu jebug, Mata kuning, Sikil lonteng, Jalu ireng, Ekor ketel. Iku jago adon Becik, kerep menang, gawe susah kang ngingu.

  3. Wiring Kuning, Cengger telon, Endhas cilik, Mata abang, Sikil kuning, Buntut mubal putih. Iku jago yen kanggo ala banget licik, lan gawe susah kang ngingu.

  4. Wido Cempaka, Cengger telon, Sikil lan Jalu kuning, Buntut ketel, Sisik mulus, Supit cendhak. Iku jago adon becik banget,kerep menang, kang ngingu Begja lan slamet. 

  5. Lurik sana, Cengger telon, Endhas gedhe, Mata kuning, Sikil lontheng, Jalu renting, Sisik mulus. Iku jago adon becik, kerep menang, Kang ngingu begja seneng.

  6. Putih Mulus semu Ireng, Cengger telon sarta sanggar dima. Iku jago becik banget, kena nago tumbal. Nanging ora kena kanggo adon. Yen diedu milalati, Marga lelembut padha wedi, Nyupatani kang ngingu.

  7. Blorok, Cengger telon utawa Wilah, Endhas amba, Mata kuning, Sikil lan jalu Ireng, Sisik mulus. Iku jago adon becik, Kerep menang, kang ngingu Begja.

  8. Blorok Abang, Cengger lombok, Endhas cilik, Mata abang, Jalu kuning. Iku jago yen kanggo adon Ala, Kerep kalah, Gawe susah kang ngingu.

  9. Blorok Madu, Cengger telon klapa ngluwuk, Mata kuning, Sisik gedah ijo, Jalu centhel, Buntut ketel. Iku jago adon becik, kerep menang kang ngingu sugih Begja.

 


"Katuranggane JAGO Adon mitutur Sisiking Sikil"



  1. Sisik Driji panunggul kiwa tengen pecah, aran tunjung karang, Wateke mbingungake musuh.

  2. Sisik Sikil karo pisan ubet dhempet, Aran Nagamangsa, Wateke ampuh.

  3. Sisik Gares kang mburi karo pisan madhep mangisor, Aran Nagatumurun, Watake nglamurake mungsuh.

  4. Sisik Sikil karo pisan kaya kulit salak, Aran Nagabanda, Wateke yen wis anggitik mungsuhe lumayu.

  5. Sisike Jenthik karo pisan pecah nratas, Aran Tunggakwinaranan, Wateke mungsuhe mendhot banyon.

  6. Sisik Driji padha pecah, Aran Batukarang, Wateke nglamurake mungsuhe.

  7. Sisik kang ana Driji panunggul ing ngisor karo pisan, Aran Bturante, Wateke ampuh.

  8. Sisik kang anak katel Sikil karo pisan, Aran Batulapak, Wateke nglemerake mungsuh.

  9. Sisik Melik ana ing tengah bener ubeding Sikil karo, Aran Putrikinurung, Wateke yen ngglitik mungsuhe ketemper.

  10. Sisik kang resik mulus tanpa Sisik melik, Arane Satriyasinekti, Wateke yuwana tansah ngalahake mungsuh.

  11. Wulune ana kang siwil telu,Aran Satriyamanekung, Wateke yuwana ampuh.

  12. Wulune kang ana ing Dhahamenthok gedhe-gedhe akas, Aran Bimakurda, Wateke yuwana ampuh.

  13. Sisik Ubed kang bener jalu karo pisan yenn ulese Wiring kuning, Aran Mastinuwuh, Wateke yuwana ampuh.

  14. Sisik Ubed kang bener jalu karo pisan yen ulese Wido, Aran Begananda, Watake yuwana ampuh.

  15. Sisik Ubed kang bener jalu karo pisan yen ulese Klawu, Aran Basunanda, Wateke yuwana ampuh.


Demikian dari saya, ikuti saya terus untuk mendapatkan informasi tentang ayam aduan. Terimakasih

Komentar